GURU KEMUTAN GURU

Senin, 20 Mei 20130 komentar


Tanggal 2 Mei, Hari Pendidikan Nasional. Tanggal 20 Mei, Hari Kebangkitan Nasional.  Nang wulan Mei ana 2 dina sing tumrape bangsa Indonesia kudu diemut-emut.
Wektu kiye inyong kepengin dopokan ngambi sedulur kabeh babagan Guru. Kawit gemiyen jaman Landa, Guru wis dadi kembang lambe ngenani bab pendidikan. Guru didadekena srana utawa cucuk tumbak kemajuaning pendidikan Indonesia.
Nggo pangemut-emut wulan Mei kiye, garep tek critakena Guru-guru inyong kawit SD tekan siki, yakuwe Guru-guru sing “selalu di hati” (bms: kemanthil-kanthil nang ati). Inyong kemutan baen karo Panjenengane, mergane bisa didadekaken conto sedawane inyong dadi Guru.
Sepisan, inyong kemutan baen Guru SD sing asmane Pak Nawas. Pak Nawas kuwe Guru kelas VI nang SD Utan Kayu Pagi I Jakarta. Angger mulang tegas, kadang-kadang lucu, lan sabar. Senajan bocahan pada mbejud ningen Pak Nawas ora jengkel. Apamaning bocah lanangan, sing mbejude por. Pak Nawas ngambi sipat arif ngomongi inyong kabeh, diarih-arih ngarahe padha manut. Kemutan baen; angger Pak Nawas mulang inyong sering ora nggatekna, aluwung maca buku crita, apa maning angger ana majalah “Kuncung” langgananku teka, jan ora nggople sing diwulangena babar blas. Pak Nawas ora tau jengkel maring inyong, ningen angger ngomongi karo mesem, “Kus, apa ko seneng maca?”. Inyong manthuk. Pak Nawas ngomong maning, “Ko kepengin dadi penulis ya?”. Inyong meneng bae. Karo ngelus-elus inyong Pak Nawas ngomong, “Siki majalahe simpen dhisit ya. Mengko angger ngaso diwaca maning. Siki kowe sinau bareng kanca-kancane, ben dadi bocah pinter”. Kaya kuwe carane Pak Nawas ngarih-arih. Ngambi cara kaya kuwe inyong dadi manut omongane pak Guru lan nggatekna angger agi diwulang.
Bareng garep nerusna sekolah, inyong bali maring Purbalingga mlebu nang SMPN I. Inyong kemutan baen maring Guru agama, Pak Muhajirin. Pak Muhajirin dedeg piadege gedhe dhuwur, ngomonge seru, tegas lan lotah ngguyu. Angger mulang nyenengi banget. Tau pas diwulang ciri-ciri baligh, pak Guru nerangna tanda-tanda baligh nggo cah lanang, yakuwe ngimpi. Inyong sing cah wadon ya bingung, apa cah lanang ora tau ngimpi? Bareng inyong takon kaya kuwe, pak Guru kanthi wicaksana nerangna mangsude ngimpi. Lha kuwe pendidikan seks wiwitan sing tau tek tampa sekang Guru.
Lulus SMP, inyong bali maning maring Jakarta mbajutna sekolah nang SPGN Pasar Minggu. Sing egin kemutan Guru 3, yakuwe Pak Sigalingging, Pak Simanjuntak lan Pak Dalimunthe. Kabeh asale sekang Batak. Pak Galingging Guru matematika, angger mulang gampang ditampa, mulane inyong bijine apik. Pak Dalimunthe Guru sejarah. Wonge dhuwur, ireng, kriting. Angger wis crita sejarah inyong sekanca padha ora kemedhep, sebabe Pak Dali angger mulang ngambi mragakna critane, dadi sing ngrungokna kaya ngrasakna dhewek melu dadi lakon nang njero crita kuwe. Pak Simanjuntak wonge kalem, rapi lan lotah mesem. Pak Siman mulang Didaktik lan dadi Wali Kelas. Angger mulang nganggo perasaan jero banget, sepenuh jiwa, mulane gampang ditampa. Bareng nibani pengumuman lulusan SPG, Pak Siman nang kelas njagong karo ndeleng muride siji-siji. Pak Siman socane kembeng-kembeng, ngambi ngomongi inyong kabeh dikon dadi Guru sing bener, bisaa dadi conto murid-muride, jujur lan kreatif. Kuwe pesene Pak Siman maring inyong kabeh.
Siji maning sing garep tek critakna. Dheweke dudu Guru ningen pejabat Kepala Dinas Pendidikan. Kanggone inyong, wis aweh conto sing ora bisa dikelalena. Asmane pak Heni Ruslanto, SE. Senajan basise dudu ngelmu pendidikan, ning Pak Heni paham banget bab pendidikan. Pak Heni duwe jiwa ngayomi, gemapa, “care” maring Guru-guru. Kuwe sing inyong ora bisa kelalen. Angger ketemu, inyong cokan rikuh, mesthi Pak Heni ngepuk-puk pundhak. Kuwe ora maring inyong thok, ningen maring kabeh Guru. Senajan ora karo ngomong akeh, ning tepukane nang pundhak kaya aweh sasmita utawa weling:“Inyong titip bocah-bocah ya. Dadia Guru sing sejati”. Sorot socane Pak Heni gawe adhem nang ati (ngapunten pak, kula matur napa wontene, mboten saweg ngalem).
Sewise dadi Guru, inyong kemutan baen maring Guru-Guru gemiyen. Enggane…, dadi Guru jan krasa abot temenan, gedhe tanggung jawabe tumrap kemajuane bangsa lan negara. Agi anyaran dadi Guru inyong sering nangis dhewek, angger mulang muride ora mudheng-mudheng.
Kaya kuwe critane ngenani Guru-Guru inyong. Bareng tek titeni seprene, dadi Guru sing disenengi murid kuwe ya Guru sing asah, asih lan asuh. Basa Inggrise ya dadi Guru sing full of power, mind soul & care. Kebek semangat, pikiran lan jiwane nggo nggatekna murid-muride.
Nggo pengeling-eling maring Guru-Guru, inyong garep nembang. Ningen inyong njaluk ngapura dhimin wong nganggo basa Inggris, lagune sing pas kaya kiye:
You raise me up
So I can stand on mountain
You raise me up
To walk on stormy seas
I am strong when I am on your shoulders
You raise me up
To more than I can be

Persembahan nggo Guru nibani Hari Pendidikan Nasional.
Doc. by Bubar,  selaras Kang Wirya
Share this article :
 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. LINGKUNGAN BERSAMA KITA - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger