KLENGER NGADEG

Senin, 20 Mei 20130 komentar


Parodi Situasi*****
Assalamu’alaikum………. Klamit…luuurrr…..
Para Sedulur mBanyumasan ngapak, kabeh…!  neng ngendi paran….  pendonga inyong… moga-moga rika pada sing olih rahmat karo hidayah sekang Gusti Alloh sing gawe urip.
Sedulur inyong sing bagus lan ayu dhewek…., kayane nembe sepisan kiye Kang Wirya nemoni rika pada nganggo basa sorogan (pengantar) mBanyumasan. Ora ngapa-ngapa embok…? Etung-etung nggo ngleluri nglestarekaken budaya para leluhur sing wis ndisiti inyong padha.  Sing penting di jajal dimin, mbok menawane bisa ceples, mergane wis telung puluh tahun lewih ora manggon bareng wong sing basane mBanyumasan ngapak. Arane wong urip… ya separan-paran koreh nggolet cucukan wong mbokan kendhile miring.
Jane kepenginane ya ngumpul sedulur, perek-perekan…dadi bisa endhong-endhongan lan angger ana apa-apa bisa gagean lung-tinulung.

Guru ngajiku gemiyen angger mulang sok karo glewehan (guyon), tau ngomong kaya kiye: ”aja wedi lunga sekang kampung nggolet kodhen, wong manuk sing ora duwe kampung, ora duwe umah, ora duwe lumbung pari baen… uripe seneng; bisa mangan… ketrima bisa umah-umah, duwe anak bojo, asal wetenge wis wareg … padha reang tembangan karo kanca-kancane”.
Lhaa… wong menungsa tolih duwe utek, duwe kepinteran lan duwe ketrampilan… mesthine kepengin urip sing lewih mapan lan ana regane (berkwalitas)…..aja dipadhakena karo manuk?  Kyaine maning…..!??

Sing garep tek omongena maring rika padha kiye dudu babagan manuk utawane kumpulan erte-erwe, nanging urusan kendhil miring…!

Wis Mandan sawetara wektu kiye pirang-pirang regan barang-barang kebutuhan urip padha mundhak, larang pisan ora eram… nganti bakul baen sing biasane ora tau demo pada mogok wegah dodol… mendhing tutup warung melu demo karo kanca-kancane.
Jaman mbekana masalah dol-tinuku sing biasane protes disit kuwe ya sing tuku… mecicil-mendelik maring bakule karo nylathoni…”rega koh larang temen, dodolan kaya maring wong ora kenal baen, rika karo inyong toli wis nglanggan suwe…aja kaya kuwe”, kuwe gemiyen…..!

Lhaa…angger jaman siki, wis ana wolak-waliking jaman, sing tuku wis ora teyeng protes, arep ngotot pendelak-pendelika..ora ana regane…. wis ora digople….!  teyenge yaa.. mung ngusap dhadha thok.  Apamaning urip neng kota, sing apa-apa ana baen angger garep tuku-tuku tetep kudu nganggo dhuwit, ora bisa tuku karo godhong utawane pecahan kreweng,…bisa nganggo godhong gedhang tapi kehe kudu sa trak…wong didol disit.
Inyong ya lagi mengeng (basa aluse lagi njudeg), kaya ngapa ya sedulurku sing neng kampung, kahanane serba cupet…., apa ora mung kami thethelen kaya kethek ditulup, linga-lingo, kiye keprimen garep polah apa…?, endi sing kudu didhisitena? sedheng kebutuhane padha karo wong kota, kudu mangan, nyandhang, nyekolahena bocah, modal dagang utawane biaya tani… jan..  mesthine ya bingung banget toli..?

Dhong wektu semana sing larang regane bensin.., mbasa regane garep diundhakena maning nang Pertamina di demo karo masyarakat, regane ora sida munggah, dadi awake dhewek mandan ketulung sethithik, bisa lungan senajan nunggang bis umum utawa sepeda montor, lumayan mandan ngirit.  Ngenani kahanan larange rega bensin, sing adem-ayem ora keganggu ya mung tukang dokar, tukang grobag sapi, tukang prau gethek karo tukang becak…sebabe ora mawi bensin. Pancen sih bensine irit, paling-paling butuhe sethithik ngarah dienggo nglengani korek api… nanging sega karo wedang kopine mandan boros luuur…

Perkara BBM lagi mandan asooh semendhing….., ana maning iwak sapi regane amleng-amleng jleg duwur nganti satus ewu sekilo….., eladalaah… meled-meled, bakul sate, bakul gepuk, warung padang, tukang abon, karo tukang daging pada kami-tenggengen, theleg-theleg, semelang gumun, wong rega munggahe ora baen-baen nganti satus presen sekang rega maune. Tukang dodolan iwak sapi neng pasar suka mrei…mergane angger dodolan terus bisa-bisa dadi nggon paidon utawa protese sing garep tuku iwak sapi…! dadi mendhing turu nang ngumah ngenteni rega stabil.
Menteri Pertanian, Menteri Perdagangan, Importir sapi, nganti Mantri Pasar diundang kabeh ditakoni, diinterogasi kiye keprigen rega iwak sapi nganti bisa kaya kiye?... rega koh munggah nganggo sekarepe dhewek. Jawabane koor bareng-bareng… ”spekulaaaan”…… eh… menungsa sing rumangsa dadi spekulan tukang main ngothak-athik rega sapi ya ngrameni gawe issue liwat koran; jere stock sapi lanang langka, produksi ternak sapi lokal mung sethithik nganti sapi wadon baen disembelehi, dadi kudu ditambahi import maning sekang Ostrali utawa New Zelan….  Eh…dijawali nang Menteri Pertanian karo Menteri Perdagangan.…jere miturut data; sapi lokal populasine cukup, sapi wadon ora nana sing disembeleh, paling-paling sing wis tua utawa sing wis ora produktip, kran import ora susah dibukak kambanen mengko rega sapi lokal bisa ajur mumur…..!   akuuuur pak Menteri….. Sabubare rame-rame soal sapi, rega iwak sapi  alon-alon temurun maning.

Untunge inyong ora tau madang neng restoran, ketemu panganan iwak sapi baen angger ana slametan utawa ditukokena mantu inyong.   Kayane ingon-ingon nang pekarangan mburi cukup dienggo ngunggahaken gizi keluarga.  Kepengin nyembeleh ayam kari ndimek, kepengin iwak trewelu kari nyembeleh, arep mancing gari maring kali utawa mblumbang mburi, garep gorengan welut ya gari ngurek neng sawahe tanggane.  Mung upamane garep slametan pesta sing mandan gedhe ya nyembeleh wedhus, ora nyembeleh sapi…kegedhen iwake, mbok ora entong……..
Istilah Kyai Gusdur: ”Kaya kuwe baen repot”…hehehe…ujarku rame temen lakon kiye…yaa…?

Ora let suwe kedele langka, regane larang, dadine dulur-duluranku para pengrajin tahu-tempe sambat, mergane biaya produksi ora ketutup.  Masa iya usaha montang-manting nganti kaya tempaling olih-olihane tekor.  Angger diterusena ya mesthine bisa gagean bangkrut.  Wektu kuwe sing demo malah para bakul nang pasar, pengrajine dipeksa gawe tahu-tempe maning, aja mandheg….
Pengrajin tahu-tempe meneng theleg-theleg kemlengeren.
Konsumen tahu-tempe padha koloh jenthik, ora bisa mangan mendhoan, apamaning tahu Sumedang. Pemrentah kalang kabut nggolet solusi keprigen carane ngatasi persoalan kiye,
Mentri Perdagangan, Menteri Perindustrian, Menteri Pertanian kabeh dikumpulaken perlune ngrembug babagan rega tahu-tempe sing ora sebaene lan barange langka nang pasar.  Apa sebabe kedele langka, pertanian palawija gagal?,  impor sering tapi barang neng pasar langka apa kedelene ditumpuk (ditimbun)..? sarana transportasi nggo ngangkut kedele wis ana lan mulus kabeh, nanging ya kuwe distribusi kedele ora wrata….  duh biyung….!  kedele…., kedele….minggat ngendi kowe?
Kae deleng….para spekulan kedele cengar-cengir kebungahen, wetenge nganti mlendung kaya wong meteng, wudele baen bodong nganti mengo….. tempe…. tahuuu… tempe…. tahuuu.. panganan bergizi go wong sing duwe dhuwit,… lha wong penginyongan mangan saben dinane go ngganti iwak supayane bergizi ya diganti sekang tahu karo tempe sing murah, siki tahu-tempe langka, apa garep diganti maning nganggo tempe bongkrek? Bisa-bisa padha mendem (keracunan), angger dipeksa inyong pada bisa gelis mlebu ngluang.  Gemlethek temen inyong seduluur….

Rega tahu-tempe wis normal terkendali, ehhh…kabar paling anyar kang beyung bocah jere rega bawang karo brambang padha munggah ya nganti tekan satus ewu maning sekilo. Ibu-ibu, pedagang, pemrentah sing dadi regulator sontak koor bareng “kiye kudu cepet-cepet diatasi, apa mangan kudu ngasrep utawane masakan mung diceplungi uyah thok?  Kebangeten temen…. Spekulan goli gawe kisruh pinter temen deneng…..apa ora eling maring Gusti Alloh, apa neng dunya arep urip dhewek?”.

Anane rega barang larang ora terkendali, kabeh-kabeh munggah rega nganti satus ewu…, neng pasar langka, distribusine ora mrata, kiye mretandani sing diwehi tugas ngurus ora becus, ketungkul sibuk ngurusi masalahe dhewek thok. Sistem ketahanan pangan ora jalan, utawane kakehan peraturan rumit (regulasi) sing ora perlu, istilahe “kedawan gagang” cilaka temen inyong padha seduluuur, apamaning mengko gutul anak putu inyong padha garep keprimen?

Sing dadi pejabat publik akeh sing ora amanah, pegaweyane ngumpulena barang mewah, umah mewah, pekarangan utawa kebon sing amba, montor model anyar, bojo enom sing ayu-ayu, …pokoke apa baen sing bisa diusung digawa bali ngumah ditumpuk kaya tikus wirog lagi angrem……
Badan legislatif sing kudune dadi panggonan gendhu-gendhu rasa (tempat penyampaian aspirasi) wis ora kena diendelaken, sebabe kupinge wis padha budheg, ketungkul ngurusi kasuse dhewek… dadine wong arep nyaluraken aspirasi sing kudune liwat pejabat eksekutif utawane legislatif salurane wis ketutup, kepeksane nganggo dalan pamungkas, demo mbeker-mbeker nganggo TOA nang ngarep kantor dewan, kantor pemrentah, utawane panggonan strategis liyane, ngarahe wong liwat utawane sing simpati padha krungu.

Ngarepi kahanan kaya kiye Kang Wirya dadi “Klenger ngadeg”.

Kanggo bahan pangemut-emut sedulur pada kiye ana kutipan piwulange Pujangga Ronggowarsito, nggambaraken : ”Jamane jaman edan, yen ora melu ngedan ora keduman”, -- ”sak begja-begjane wong kelalen, esih begja wong sing eling lan waspada” (basane di-mBanyumasaken).

Sedululur mBanyumasan ngapak, mageh bareng-bareng nyonto perjuangane para suwargi leluhur sing wektu uripe duwe kelakuan lenceng lan amanah, rila lahir-batin merjuangaken bangsa lan agamane kaya dene: Pak Dirman, Pak Gatot, Pak Susilo Sudarman, Pak Parjo, Pak Pujadi, lan liya-liyane preyayi mBanyumas egin akeh maning ora bisa tek sebutena siji-siji…wong inyong kelalen….pokoke kawit jaman gemiyen tekan siki…sing uripe ora neka-neka ya kuwe didadekena conto.

Sedulur mBanyumas ngapak, ndaweg pada ndonga maring Gusti Alloh sing Maha Kuasa moga-moga inyong karo rika pada sekeluarga diparingana kuat, waras, slamet oranana alangan lan sambekala, urip ayem tentrem, cukup nyandang-mangan, kumpul anak putu..kanthi bahagia, bisa mbangun keluarga sakinah lan warrohmah.
Amien. Klilaan….wasalam…
Doc. by Bio
Share this article :
 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. LINGKUNGAN BERSAMA KITA - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger