Inyong duwe crita sing marakaken gawe isin.
Tahun 1974 inyong sekolah nang SMPN 1
Purbalingga. Sekang desa inyong sing sekolah nang SMPN 1 Purbalingga mung bocah
loro. Sekang ndesa tekan sekolahan adohe ± 12 km, inyong ngepit. Sewijining
wektu bali sekolah pitku gembes, dadi kudu mandeg dhimin nang bengkel pit,
prelune nambal ban. Ngenteni ban ditambal, inyong njagong ngambi ndeleng montor
liwat pating sliwer. Pas ana bocah SMP BM liwat, inyong kaget, ko kaya bocah
nggonku sing jenenge Bambang.
Inyong menyat mbanjut bocahe tek undang
“mBaang…, mBang…., enteni, pit inyong agi ditambal”. Bocahe nylingak ningen
terus baen. Inyong ngundang maning, tetep ora gelem mandheg. Inyong mbatin:’Bocah
koh kemlithak temen ora setia kawan, ngreti ana batire ngundang-undang koh ora
gelem ngenteni’.
Sawise ban pit rampung ditambal, inyong menyat
terus bali. Tekan Kandhang Gampang, sekang mburi krungu ana bocah
undang-undang. “Mbak!... mbak…!, wau napa njenengan undang-undang kula?” Inyong
meneng baen ngambi nggrundel; ‘Lha, si Bambang ngledek apa yah? reka-reka basa
mbarang maring inyong…!’. Pedhal pit tak genjot mbanteri.
Bocah kuwe ngoyok inyong ngambi njejeri terus
takon: “Wonten napa mbak…, wau undang-undang kula?” Inyong nylingak ngambi garep
tek omehi, eeh.. jebul dheweke udu Bambang, mbuh bocah ngendi ora wawuh. Inyong
klincutan kewirangan, raiku abang mangar-mangar saking isine. Pit inyong tek
genjot kebat banget, ngebut ora lingak-linguk. Bocah mau ndlongop kebingungen
ndelengna polah inyong. Nganti getug seprene angger kemutan kedadian kuwe inyong
mesthi gemuyu dhewek.
Doc. by Kus.Sty.