BALADA KARMIN NGAMBI SINAH (Ngapak)

Selasa, 21 Mei 20130 komentar


Sastra, Cerkak mBanyumasan***

Sore kuwe langit mendhung. Esih jam 3-an ningen ketone wis peteng ndhedhet kaya wis garep jam 6 sore. Karmin ngambi Sinah padha jagongan nang mbale. Anake telu Suti, Kardi ngambi Tiwi. Nang mbale, Suti sinau wong wis garep ujian SMP. Adhine, Kardi kelas 4 SD agi glewehan ngambi si bontot Tiwi sing umure mbene 3 taun.
Ora let suwe udan angin gemebret banget ngambi bledheg pating jleger nyander-nyander. Karmin gagean maring mburi niliki kandhang wedhuse, mbok ana seng sing nglingkab, melas mbok wedhuse kudanen.
Sinah mereki anake sing cilik terus dipangku. Suti ngambi Kardi mereki biyunge, mergane padha wedi udan angin ngambi bledheg sing ora mandheg-mandheg. Suwe-suwe Tiwi turu nang pangkone biyunge. Sinah terus menyat garep ngeblugna Tiwi nang senthong. Sewise kuwe Sinah maring pawon garep olah-olah nggo nyore.

Adzan ngisa keprungu sekang mesjid desa. Udane esih riwis-riwis. Karmin meng sumur wudhu, njutan mangkat maring mesjid. Sinah sembayang nang umah mergane Tiwi wis turu, melas angger ditinggal.

Antarane jam 9 mbengi bocahan wis padha turu kabeh. Karmin ngambi Sinah jagongan nang mbale. “Kang Karmin”, Sinah mbukak omongan. “Kiye si Suti wis kelas 3 SMP, jere kepengin nerusena maring SMK. Kepriwe kang, apa kira-kira dhewek teyeng mragadi?”. Karmin meneng bae. “Kepriwe kang, dijek rembugan koh meneng bae”, Sinah ngomong maning. “Inyong krungu omonganmu, Nah. Tapi inyong ya bingung, koh, mbok ngerti dhewek…, pegaweyanku srabutan ora kena dijagakna. Padahal angger sekolah SMK biayane gedhe”.
Wong loro banjur padha meneng. Mung ana swara jangkrik sing keprungu mecah sepine wengi. Karmin ngambi Sinah padha mikir dhewek-dhewek. “Kang, inyong tek ngomong ya. Kepriwe angger inyong lunga maring Jakarta dadi babu, mbok teyeng nggo nyekolahna Suti. Inyong melas Suti angger ora sekolah. Jere Suti kepengin maring SMK, mengko angger wis lulus mbok jere sapa teyeng kerja nggo mbantu adhi-adhine”.
Karmin urung semaur, ketone abot banget goli garep ngucap.
Karmin krasa nlangsa banget, ingatase bocah kepengin sekolah SMK bae koh dheweke ora teyeng nyembadani. Rumangsa dheweke pancen wong bodho, lulus SD baen bijine pas-pasan. Sinah mendhing, teyeng sekolah gutul SMP. Apa enggane anake ya garep padha ngambi rama-biyunge sing ora teyeng sekolah dhuwur? Urip nang ndesa bae trima dadi buruh tani? Mangkane anak-anake rupane ayu-ayu kaya biyunge. Kulite bersih-bersih, irunge ya mbangir. Enggane bocah ayu-ayu kon trima matun? Mangkane sekolahe padha pinter-pinter, bijine mesthi apik terus.

“Olih apa ora kang, inyong ngewula maring Jakarta?”, Sinah mbaleni takon. “Mengko si Tiwi kon ngambi ninine, bocahe manut ikih”. Sewise mikir suwe, kanthi swara abot Karmin ngomong, “Ya wis nganah ko ngodhe maring Jakarta. Inyong trima nang ndesa ngambi bocahan, ngingu wedhus ngambi buruh nang sawah.”
“Rika rila temenan kang?”, Sinah nggenahna.
“Iya, tek rilani Nah…, dhemi bocah-bocah. Inyong rumangsa dadi wong lanang koh ora teyeng nyenengna anak bojo.”
“Aja ngomong kaya kuwe, kang. Wis dadi takdire dhewek urip kaya kiye. Sing penting dhewek terus nyuwun maring Gusti Alloh kon diparingi dalan sing kepenak. Kabeh lakon wis diatur”, Sinah nutup rembug nang wengi kuwe.

Wis nem wulan suwene Sinah nang Jakarta. Kodhene saben wulan dekirimna kon dicelengi nang Karmin nggo agan wragad mlebu sekolah Suti meng SMK. Suti wis ujian SMP, bareng pengumuman Suti krasa bungah banget, bijine apik. Suti terus SMS maring biyunge, lamona dheweke lulus lan garep ndaftar SMK. Maca SMS-se Suti, Sinah bungah banget ngambi nlangsa mergane ora teyeng nunggoni anake. “Ya.. kowe ndaftar ngambi bapane. Mamak ora teyeng njujugna. Mamak ndonga kang Jakarta”, kaya kuwe SMS-se Sinah maring Suti.

Dina pendaftaran SMK, Suti diboncengna bapane. Gutul SMK wis akeh bocah sing padha ndaftar. Suti melu mped-mpedan njimot formulir pendaftaran. Bareng wis olih lan ngisi data kumplit, Suti mereki bapane. “Pak, inyong wis rampung goli ndaftar, mayuh padha bali”.
Bapane semaur, “Ya mayuh. Moga-moga ko detampa ya”, ujare bapane. “Ya pa, ayuh gelis inyong sedhek kepengin bali”.

Wong loro boncengan metu kang plataran SMK. Bareng nang nggili gedhe ora ngerti sangkan paraning bilahi, ujug-ujug ana bus laju banter banget. Karmin kaget, pite ngleob terus rubuh meng tengah nggili. Disusul swara bresss.. mbanjut wong-wong nang ngarep SMK pating njlerit.
Karmin ngambi Suti wis ora kemutan apa-apa maning.

Dina kuwe Sinah nang Jakarta awake krasa lemes banget, nyambut gawe kayong awang-awangen. Mau mbengi bar ngimpi aneh, Karmin dadi penganten maning. Anake, Suti nang jejere ketone seneng banget bapane dadi penganten. Suti ngguyu-ngguyu baen. Wong sing nyumbang nang umahe ndlidir akeh banget.

Lagi ngalamun, Sinah kaget krungu telpun moni.
Jebul sekang adhine sing nang ndesa. “Yu, siki rika bali. Kiye Suti mriyang”, kaya kuwe thok omonge adhine nang telpun. Sinah gagean pamit maring majikane, garep bali niliki anake. Sedawane nang ndalan Sinah kaya bocah linglung. Atine ora karu-karuan. Getug terminal Purwakerta awan, adhine wis nunggoni nang ngarep terminal.
“Kepriwe Suti, Man…, mriyang apa?”
Adhine semaur, “Sabar dhimin nggayu, mayuh bali dhisit, mengko rika ngerti dhewek”.

Tekan latar Sinah atine trataban, deneng akeh wong nang umahe, ngambi ana bendera putih detancebna nang lawangan.
Ora sranta Sinah mlayu mlebu ngumah.
Sinah kaget sangkete, paribasane disamber nggelap.
Bareng weruh nang bale ana jisim loro jejeran detutupi jarit.
Alam ndunya dadi peteng ndhedhet lelimengan.
Sinah ora ngreti lor-kidul, semaput…..

Doc. by Bubar, selaras Kang Wirya.



Share this article :
 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. LINGKUNGAN BERSAMA KITA - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger